SlideShare a Scribd company logo
1 of 3
Bapak Kepala SMA N 1 Wonosari ingkang dhahat kinurmatan,lan
Bapak/Ibu  guru SMA N 1 Wonosari ingkang tansah kawula hurmati,
Saha kanca-kanca kula ingkang satuhu kula tresnani,
Assalamualaikum wr.wb.
Tepangaken asmi kulo Elsana Bekti Nugroho, murid kelas XI A3 SMA N 1 Wonosari. Wonten ing akhir tahun pembelajaran puniko, mugi keparenga kulo badhe paring pidato perkawis “Gesang kang Ijo”. Namung sakderengipun sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan saha kawilujengan dumateng kita sedaya saengga kita saget makempal wonten ing kaludangan puniko, saperlu nderek nyengkuyung mangayubagya lumampahipun patembaya sesorah basa Jawi ing enjang puniko. Mboten kesupen, shalawat saha salam mangga kita tansah unjukaken dumateng Nabiyullah Muhammad SAW, ingkang sampun nderekaken kita saking jaman Jahiliyah tumuju jaman ingkang kebak rahmat saking Gusti Allah.
Poro rawuh ingkang munulyo, kathah sanget perkawis ing negari puniko kalebet perkawis ingkang nembe sumarak wonten ing Bumi Pertiwi menika. Saking perkawis ingkang alit kanyata kamiskinan lan kasus kriminal, dumugi perkawis ingkang ageng kados korupsi, krisis multidimensi kaliyan polusi ingkang dados panyebab wontenipun “Pemanasan Global”. Nah, saking kasus ingkang sampun saget kita raosaken bahayanipun menika, kulo wonten ing mriki anggadahi usulan dumateng kula panjenengan sami, bilih linuwih becik supadhos kito tresna kalian “ijo-ijoan”. Ingkang dipunarani “Ijo” puniko mboten namung salah siwijining werno, ananging wonten hubunganipun kalian seger, nyaman, lan lingkungan ingkang sehat. Wonten teng pundhi-pundhi tukul wit-witan, woh-wohan, lan suket, tebih sangking polusi. Wit ageng-ageng kinoto rapi wonten tengen lan kiwanipun trotoar dalan. Mboten wonten macet lan sampah pating semerawut wonten dalan. Saklajengipun daerah kang kathah wit-witanipun, saget kulo jamin, tiyang wonten ing mriko nggadahi gesang kang sae lan tebih saking penyakit.
Kagem kulo, lingkungan ijo nggadahi pangartosan menawi kulo saget dholanan lan gegojekan kalian konco-konco, memanas wonten ngandapipun srengenge tanpo kuawatir kulit dados ireng. Mboten cekap semanten, tasih kathah paedahipun menawi kita saget ngulinakaken supadhos gesang kang sehat lan saget njagi lan ngrumat alam kang asri saking Gusti Pangeran.
Para sadherek ingkang kawulo hurmati, sakniki pamarentah ugi sampun giat-giatipun gancaraken semboyan “Mencegah Lebih Baik daripada Mengobati”. Semboyan meniko nggadahi pangertosan bilih penyakit menika teka amargi kito ingkang mboten saget miyara gesang kito. Nah, sakderengipun menika kadadean kita kedah “Mencegah” miturut semboyan menika. Lajeng kepripun? Ingkang langkung  utami, lingkungan inggih menika factor ingkang awrat. Saengga ngresiki lan ndamel endah lingkungan kito, lajeng nandur wit-witan alit wonten ing sakkiwa-tengenipun omah saget njagi daur oksigen ingkang dados supply utami metabolism wonten ing gesang kita panjenengan sami.
Kulo percados, bilih kito nggadahi coro ingkang benten-benten,ananging tujuanipun sami. Contonipun, kulo tanggungjawab marang lingkungan sekitar kulo, poro rawuh tanggungjawab marang lingkungane piyambak-piyambak. Masyarakat lan pemerintah  tanggungjawab wonten ing lingkunganipun, mongko kota menika bakal dados kota ingkang ijo lan sehat.
Puniko wau urun rembug kulo, cekap semanten ingkang saget kawula aturaken, mugi-mugi sedaya menapa ingkang sampun kawula aturaken wau saget dados dipunlampahi kanthi sae. Mbokblih menawi wonten kuciwaning boja karami, anggenipun kulo nampi menggah ing ing rawuh panjengan sedoyo, mugi tansah paring sih samudra pangaksami. Semonten ugi kula, minangka tetalinging basa mbok bilih wonten galap-gangsuling atur saha kiranging subasita. Kupat bumbune santen, menawi lepat nyuwun pangapunten
Akhirul kalam...
Wassalamualaikum wr. Wb.

Tugas jawa pidato
Tugas jawa pidato

More Related Content

More from Elsens Viele

Analisis intrinsik
Analisis intrinsikAnalisis intrinsik
Analisis intrinsikElsens Viele

Telaah puisi(17 2-10)
Telaah puisi(17 2-10)Telaah puisi(17 2-10)
Telaah puisi(17 2-10)Elsens Viele

Laporan praktikum biologi pernafasan serangg afinal
Laporan praktikum biologi pernafasan serangg afinalLaporan praktikum biologi pernafasan serangg afinal
Laporan praktikum biologi pernafasan serangg afinalElsens Viele

Konflik antara amerika melawan afghanistan
Konflik antara amerika melawan afghanistanKonflik antara amerika melawan afghanistan
Konflik antara amerika melawan afghanistanElsens Viele

Biologi uji makanan (refisi
Biologi uji makanan (refisiBiologi uji makanan (refisi
Biologi uji makanan (refisiElsens Viele

Drama i mimpiku di haru kelabu
Drama i mimpiku di haru kelabuDrama i mimpiku di haru kelabu
Drama i mimpiku di haru kelabuElsens Viele

Physics (praktikum)
Physics (praktikum)Physics (praktikum)
Physics (praktikum)Elsens Viele

Laporan praktikum fisika energi potensial dan usaha
Laporan praktikum fisika energi potensial dan usahaLaporan praktikum fisika energi potensial dan usaha
Laporan praktikum fisika energi potensial dan usahaElsens Viele

Lithosfer pedosfer
Lithosfer pedosferLithosfer pedosfer
Lithosfer pedosferElsens Viele

More from Elsens Viele (9)

Analisis intrinsik
Analisis intrinsikAnalisis intrinsik
Analisis intrinsik

Telaah puisi(17 2-10)
Telaah puisi(17 2-10)Telaah puisi(17 2-10)
Telaah puisi(17 2-10)

Laporan praktikum biologi pernafasan serangg afinal
Laporan praktikum biologi pernafasan serangg afinalLaporan praktikum biologi pernafasan serangg afinal
Laporan praktikum biologi pernafasan serangg afinal

Konflik antara amerika melawan afghanistan
Konflik antara amerika melawan afghanistanKonflik antara amerika melawan afghanistan
Konflik antara amerika melawan afghanistan

Biologi uji makanan (refisi
Biologi uji makanan (refisiBiologi uji makanan (refisi
Biologi uji makanan (refisi

Drama i mimpiku di haru kelabu
Drama i mimpiku di haru kelabuDrama i mimpiku di haru kelabu
Drama i mimpiku di haru kelabu

Physics (praktikum)
Physics (praktikum)Physics (praktikum)
Physics (praktikum)

Laporan praktikum fisika energi potensial dan usaha
Laporan praktikum fisika energi potensial dan usahaLaporan praktikum fisika energi potensial dan usaha
Laporan praktikum fisika energi potensial dan usaha

Lithosfer pedosfer
Lithosfer pedosferLithosfer pedosfer
Lithosfer pedosfer

Tugas jawa pidato

• 1. Bapak Kepala SMA N 1 Wonosari ingkang dhahat kinurmatan,lan