2. WAYANG
• Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah
ing wewayangané lan dilakokaké déning dalang kanthi
iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi
utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé
saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus.
• Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang
direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar
karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang
gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné
iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah
lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi
piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging
kanthi media digital kasebat e-wayang.
3. WAYANG
• Crita kang dilakonaké dijupuk saka
épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa.
Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab.
Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki
misuwur ing tanah Jawa.
• Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan
kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon
diwedhar.
• Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah
liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni
déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya
kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan
sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage
of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga
(preserve) warisan kuwi
4. SAJARAH
• Para ahli durung ana kang bisa mesthèkaké kapan
wayang wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn
ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur,
wayang kira-kira wis ana sadurungé
agamaHindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung
nganggo crita-crita kang dijupuk seka India. Pagelaran
iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur.
• Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh
kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli
sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono
amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan
sajarah kang wis ana.
5. SAJARAH
• Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti
ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran
pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang
luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi.
Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita
bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang
kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
• Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayang
béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit
dienggo kanggo dakwah agama. Ing
panguwasaning Dharmawangsa Teguh(991-1016), akèh
crita seka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané.
Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi
nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
6. SAJARAH
• Crita-crita kang asliné seka India iku pungkasané wis geseh
karo mauné. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo
mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki
sinebut lakon carangan.
• Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing
panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak.
Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar.
Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh
crita wayang kanggo nglelipur ati.
• Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang
manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep
digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang
kang paling akèh dienggo yaiku wayang kulit purwa.
7. Jenise
•
Wayang Kulit iku salah sawijining
pagelaran wayang ingkang mbabaraké
lakon mahabharata utawa ramayana
sing wayangé digawé saka kulit. Jinising
wayang iki kang paling disenengi ing
Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka
kulit kang ditatah lan diéntha kaya
déné manungsa. Umumé wayang kulit
nglakonaké lakon Wayang Purwa,
nanging ana uga kang nganggo Crita
Menak lan Babad Tanah Jawa, crita
agama (Kristen, Buddha), perjuwangan,
lan manéka warna crita liyané.
8. Jenise
•
Wayang kulit dilakokaké ing layar putih
kang sinebut kelir. Déné wayangwayang kuwi ditancepaké ing debog
ana ing sisih tengen lan kiwané
dhalang. Gamelan kang ana ing sisih
mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran
wayang wis diakoni déning UNESCO ing
tanggal 7 November 2003, dadi karya
kabudayan kang édi péni ing babagan
crita dongéng lan warisan kang
berharga banget (Masterpiece of Oral
and Intangible Heritage of Humanity).
Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya
Indonesia njaga (preserve) warisan
kuwi.
9. Jenise
• Wayang bèbèr yaiku wayang kang
digawè saka kain utawa kulit lembu
kang awujud bèbèran (lembaran).
Wayang Bèbèr yaiku mori digambari
wayang dipitontonakè sarana dibèbèr
banjur dicritakakè.Saben bèbèran
kuwi nggambarakè sakadegan crita.
Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane
digulung manèh.
• Wayang iki digawè jaman krajaan
Majapait. Wayang iki asalè saka
Pacitan lan Gunung Kidul.Wayang iki
digawè kanthi kuwat ing bab rong
dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas.
10. Jenise
• Wong-wong kang
nglèstarèkakè wayang iki yaiku:
Musyafiq kanthi gawè wayang
bèbèr kang narasinè paragaparaga wayang, Suhartono
kanthi luwih nyiptakake figur
wayang kang corakè dèkoratif
lan ornamèntik, Agus Nuryanto
gawè wayang bèbèr kanthi
saka wujud wayang purwa
banjur diabstraksi saka rèalitas
uripè manungsa ing saben
dinanè.
12. Jenise
•
Wayang Potèhi:Wayang kang awujud
bonèka cilik-cilik. Critanè mangsa jaman
kraton Tar-Tar utawa Babad Cina. Thio
Tiong Giè yaiku salah sijining dhalang
wayang potèhi ing Semarang Tengah kang
manggon ing Dèsa Pesantrèn, Kelurahan
Purwodinatan. Dhèwèkè nduwèni prinsip
paribasan Cina Tiongkok kang dadi
semangate kanggo nglestarekake Wayang
potèhi iki yaiku:”TAK ada kuda, sapi pun
bisa ditunggangi.” Yen ta wayangan
dhèwèkè nggunakakè basa Indonèsia
kanggo basa pengantar, bèda karo para
sesepuhè sing biyèn nggonakakè basa
Cina.Ciri khasè
13. Jenise
•
Ciri khasè dhewèkè uga kerep
nggunakakè tembang campursari. Thio
Tiong Gie saiki umurè wis 76 taun, akeh
prihatinè mikirakè kabudayanè sing
mung didelok dèning saglintir wong
sing kalah adoh yèn dibandingakè karo
jaman biyèn. Langka banget sing
kepèngin nyinaoni wayang iki sing dadi
generasinè mung siji ntok wongè yaiku
Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani
yèn ta wayangan. Para niyaganè adoh
banget yaiku saka Surabaya.