4
Ing racake "macapat" ditegesi "maca
papat- papat" sing duweni arti metodhe
maca ukara kang terjalin saben papat
wanda. Kanthi umum macapat mung
duweni 2 pola metrum. Tembang
macapat dewe duweni 11 jenis. Ing kaping
sewelas tembang macapat iku duweni
makna perjalanan kauripane manungsa
ing ndunya, sing dimulai saka lair nganti
madhep marang Gusti Allah.
Tembang utawa sekar yaiku rumpakan
basa kanthi paugeran tartamtu kang
pangucape kudu nggunakake kagunan
swara.
minangka wujud geguritan Jawa sing
migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan
karo paugeran guru gatra, guru wilangan,
lan guru lagu.Puisi tradisional Jawa utawa
tembang biasané dipérang dadi telung
kategori: tembang cilik, tembang
tengahan lan tembang gedhé. Macapat
digolongaké kategori tembang cilik lan
uga tembang tengahan.
5
Tembang Macapat (tembang cilik) yaiku
syair utawa geguritan tradisional Jawa
sing nduweni makna tartamtu.
Tembang Maskumambang
Tembang Mijil
Tembang Sinom
Tembang Kinanthi
Tembang Asmaradana
Tembang Gambuh
Tembang Dhandanggula
Tembang Durma
Tembang Pangkur
Tembang Megatruh
Tembang Pocung
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
6
Maskumambang duweni
arti manifesto bibit insane
wong lanang kang cukul
saka jero rahim hawa (ibu).
Ing fase iki, para leluhur
masyarakat Jawa
ngelakoni upacara kang
dijenengi "selametan".
Upacara selametan, yaiku
upacara sing diiringi doa-
doa, supaya bayi kang lagi
ana kandungan bisa sehat
lan nggawa pangarepan
apik kanggo wong tuwo
lorone yen mengko wes lair
Mijil, yaiku rawuhe
manungsa ing ndunyo sing
diiringi loro hal sing nolak
mburi, yaiku yen gawe
wong tuwo nduweni
ekspresi sing bungah
amarga rawuhe anak ing
ndunyo sebalike, yen gawe
bayi e nduweni ekspresi
nangis amarga rawuhe ing
ndunyo sing mengkone
menehi kekuatan supaya
iso ngerangkak,mlaku,lan
mahami urip awal dadi
anak-anak
7
Gegambaran pemuda sing ayu- ayu
kebak panggarep-arep lan impen.
Dolanan karo kanca- kancane uga nguri-
uri kabisan pikiran kan ati supaya
nduweni kekarepan
Ing asas, wong tuwa loro pengin anak
berkembang ing pamikiran. Banjur
bocah- bocah dikongkon metu saka
omah kanggo sosialisasi, lan diwenehi
pendidikan ing lingkungan kulawarga.
Fase urip manungsa iki diarani
"Kinanthi". Ing bait "Kinanthi", nyritakake
babagan periode mbentuk karakter
manungsa, lan mlaku ing dalan menyang
tujuan. Mlebu sekolah lan ngerti urip ing
njaba omah minangka kegiatan individu.
"Kinanthi" asale saka tembung "kanthi"
utawa tuntunan, tegese kita butuh
tuntunan utawa dalan kang bener,
supaya tujuan kita bisa kawujud.
Tahap iki dadi wigati banget amarga butuh rong
guru kanggo nuntun kadewasan dhiri. Ing
sekolah, manungsa nampa tuntunan, kawruh, lan
nilai urip sosial saka guru. Dene ing omah,
manungsa kudu entuk tuntunan babagan nilai
agama lan peradaban saka wong tuwa sing dadi
contoh nyata kanggo anak-anake
8
Nalika pola pikir, hawa nafsu,
jiwa, lan raga manungsa ngalami
pangembangan sing dibungkus
ing pola urip lan lingkungan,
manungsa wiwit mlebu fase olah
rasa utawa asring ditegesi pola
asmara. Sing lanang wiwit
ngerasakake seneng / tresna
tumrap sing wadon lan kosok
balene. Fase iki mbentuk
imajinasi logika lan perasaan
kang kacetha ing bait
"Asmaradana". Asmara tegese
katresnan, mulane ilustrasi
kanggo fase iki nyeritakake
babagan momen asmara utawa
larut ing segara katresnan. Fase
iki minangka penelusuran kanggo
nggoleki pasangan ati lan donya
Sawise kesepakatan urip bebarengan
karo pasangan, manungsa loro sing
nyoba ngatur ego dhewe-dhewe iku
mlebu fase sing diarani "Gambuh".
Tegese tembung "Gambuh" yaiku
manunggal. Fase iki nyeritakake
babagan prasetya ing bebrayan
kanggo mujudake katresnan ing
satunggal rumah tangga. Kawin ora
mung kanggo ngawini individune
nanging uga ngawini kulawarga lan
liyane supaya harmoni lan rasa
ngormati antarane pasangan bisa
kabentuk. Fase iki mesthi ora gampang
amarga identitas etnis, basa, utawa
cara sosial saben individu manungsa
kadhangkala beda-beda, mulane
mbutuhake sifat legowo utawa ati sing
gedhe kanggo nanggapi perbedaan
lan ngrumusake tata cara urip sing
disepakati bebarengan.
9
Sawise wong loro kasebut manunggal, wong tuwa anyar lair saka
ikatan perkawinan. Dheweke wiwit urip kaya wong tuwane. Gambaran
ing tahap iki yaiku urip sing wis tekan tahap golek kemapanan sosial
lan kesejahteraan golek sandang, pangan, lan papan kang nyukupi.
Fase iki diarani "Dhandhanggula". Cukup ora ateges sugih utawa
mewah nanging, cukup ateges migunani miturut porsine. Pasangan
loro kasebut wiwit kerja bareng lan ngliwati proses regenerasi
keturunan. Kabeh fase iku kagambaraken ing tembang
"Dhandhanggula" kang nduweni teges pait lan manisipun gesang
Durma asale saka tembung dharma ing ngendi saben manungsa
sediane kudu ngelakoni kabecikan tingkal laku lan berbagi
marang sapadha-padha jroning urip bersosialisasi. Fase iki
nyerminake jiwa padha-padha tetulung welas asih utawa tresna
asih marang sapadha- padha manungsa liya. Saka fase iki diarep-
arep kauripan manungsa iku bisa nduweni manfaat kanggo
kauripan piagungsa kang liya sarta ngelembutake jiwa manungsa
nganti adoh saka sifat amarah
10
Tembang megatruh yaiku
tembang kang nyritakake
uripe manungsa nalika lagi
diunggahake dening pati.
Megatruh asalipun saking
kalih tembung basa Jawi
inggih menika "megat"
ingkang tegesipun pisah
utawi putus saha tembung
"ruh" ingkang tegesipun roh
utawi nyawa. Saged
dipuntegesi tembang
megatruh inggih menika fase
pepisahan antawisipun roh
utawi jiwa kaliyan raganipun
manungsa
Tembang macapat pangkur bisa
ditegesi nganggo tembung
mungkur
kang tegese mundur. Tembang
Pangkur nyritakake panguripane
wong tuwa kang wis ngalami akeh
kemunduran ing ragane, jamane
manungsa kudu nyingkirake hawa
napsu lan nyedhak marang Gusti
kanggo bekal ing akhirat. Awak uga
wiwit lemes, ora kuwat kaya nalika
isih enom. Tembang Pangkur iki
digunakake dening wong Jawa
minangka pitutur (nasehat) kang
dituturake kanthi rasa tresna.
katresnan lan kabagyan.
11
Pocung asale saka tembung
"pocong" yaiku upacara
kematian sawise dikumbah,
banjur dibungkus nganggo
kain kafan sing diarani
dipocong, banjur dikubur.
Pocung yaiku tembang
macapat kang nggambarake
lelampahan pungkasaning
manungsa ing donya.
15
Tembung kawi yaiku tembung-tembung sing asale saka Basa
Jawa Tengahan/ Jawa Kuno. Tembung iki biasane digunakake
kanggo omongan saben dino, mula saiki wes arang keprungu
Tembung langar ateges: angkuh, sangar, seneng padu
Tembung sudra ateges: mlarat
Tembung lawan ateges: mungsuh, tandhing
Tuladhane:
1.
2.
3.
Tembung-tembung sing asale saka Basa Jawa Tengahan/Jawa
Kuna
Tembung iki biasane digunakake kanggo omongan
sabendina, mula saiki wis arang keprungu
Asale saka tembung ‘dasan’ ateges sepuluh, ‘nama’ ateges
jeneng utawa aran
Dasanama : jenenge wonng utawa aran siji nduweni jeneng
utawa aran nganti sepuluh (utawa luwih) kang padha utawa
meh padha tegese
Tembung dasanama iki asale saka tembung 'dasan' ateges
sepuluh, 'nama' ateges jeneng utawa aran
Sudra padha tegese karo : papa, mlarat,
sengsara, kere
Rina padha tegese karo : rinten, siyang, awan
Sira padha tegese karo kowe, sampeyan,
panjenengan
Tuladhane :
1.
2.
3.
16
Tembung garba, yaiku tembung kang kedadeyan
saka gandhenge tembung loro utawa luwih
Sinom padha tegese karo: isih lan enom
Araneki padha tegese karo: arane lan iki
Dhemenyar padha tegese karo : dhemen lan anyar
Tuladha:
1.
2.
3.
Tuladha :
DIna kang wayah digdaya
Arep nateng jiwa lan raga
NAtih Siksa kanggo budi kang mulyo
Durta kudu diilangno
WIs wayahe diganti sing adya
Jenenge pangarang, pangripta, utawa pujangga
kang diwedharake kang satemene kang
dipilahpilah adhapur wanda-wanda utawa
aksara-aksara
utawa asma kang sinandi utawa jeneng kang
sinamun (sinamar) ing sajroning tembang,
kidung, utawa karangan.
DIANA DWI
17
yaiku tujuan, ancas, utawa karep kang sinamun utawa sinamar
ana ing tembang. Ana uga wong kang ngarani sandi karsa kuwi
sandi ukara yaiku ukara (ukarane kanggo medharake cipta,
gagasan, rasa – pangrasa, utawa kekarepan).
Tuladhane
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Naning mulya
Dina dina kepungkur Iku dadi
landhasaneki
Dina kang bakal teka Ing
pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi Nuwsantara
Sandi karsa yaiku
Pendidikan