1. BAB I
PURWAKA
Sawijing karya sastra bisa ana, ora adoh saka faktor sosial budaya, ateges ora mokal
yen pangripta tanpa nduwe pamikiran sing mateng isa mujudake karya sastra. Karya sastra iku
ana adhedhasar saka pengalaman, pamikiran, lan rekaman budayane pangripta tumrap
sawijining babagan tartamtu sajroning pamikire lan masyarakat kang minangka kaca benggala
kahuripane masyarakat iki kang dadi titikane strukturalisme genetik.
Salah sawijine karya sastra kang wujude prosa yaiku novel, novel migunani tumrap
manungsa ing urip bebrayan, kabukti yen novelis menehi piwulang tumrap pamaos ngenani
kahuripan lan sipat-sipat manungsa the novelist can teach you more about human nature than
the psychologist (Wellek, 1993:34). Novelis ngandharake piwulange awujud tema lan amanat
sajroning novel, kayata tema kahuripane manungsa, sosial, tresna asih, ketuhanan, lan
sapanunggalane. Sastra mempunyai dua watak, yaitu watak universal dan watak lokal (Budi
Darma,1999:54), diarani universal dideleng saka tema, amarga tema iku mesthi ora adoh saka
tema tresna asih, bungah, ora adil, tema iku sing sasuwene iki ana sajroning karya sastra.
Diarani lokal amarga, masiyo diarani universal nanging cirine isih ciri lokal, wektu utawa
jaman mesthi ana saroning karya sastra iki diarani periode sastra (sastra lama & modern).
Panaliten ngenani “Strukturalisme Genetik” iki mawa irah-irahan Kasetyane
wanodya desa sajrone novel “Suminar” anggitane Tiwiek SA kanthi tintingan
Strukturalisme Genetik. Akeh masyarakat kang isih ngugemi yen wanodya desa kuwi mesti
wanodya kang isih mangerteni unggah-ungguh, wanodya kang isih lugu ateges durung oleh
pangaribawa saka globalisasi. Mula saka kuwi bakal kaandharake kepriye kasetyane wanodya
desa ing sajrone novel “Suminar” anggitane Tiwiek SA kang isih ngugemi kodrate minangka
wanodya jawa
.
2. BAB II
TINTINGAN KAPUSTAKAN
2.1 Teori Strukturalisme Genetik
Strukturalisme genetik iku minangkani salah sawijining strukturalisme kang arupa
gabungan saka struktural lan metodhe panliten sakdurunge. Mula bukane struktural genetik
iki dicetusake dening Taine. Banjur pamawase ngenani strukturalisme genetik mau
dijlentrehake mawa studi sastra kanthi cara sosiologi. Mungguhe Teine, karya sastra iku ora
mung fakta imajinatif lan ngadeg kanthi cara pribadi wae, nanging uga bisa minangkani
pangilon utawa rekaman budaya yaiku salah sawijine pawujudan pikiran tartamtu rikalane
karya sastra iku lair. Saka pamawas iki, Goldmann dadi salah sawijining tokoh kang melu
ngrembakakake strukturalisme genetik iki. Miturut pamawase, fakta kemanusiaan iku
minangka unsur utawa bab kang banget nduweni makna. Sakabehe solahe manungsa iku
minangka respon saka subyek kolektif utawa individu ana ing wayah tartamtu kang banjur
ndadekake kreasi kanggo nyetel kahanan kang ana kareben cocog karo pamikirane. Ana kene,
manungsa nduweni kekarepan kanggo urip kang laras, amarga ana kene manungsa kudu
nglarasake antarane alam karo lingkungan ana sakiwa-tengene.
Strukturalisme genetik nduweni implikasi saya amba sambungane karo perkembangan
ilmu-ilmu kemanusiaan kang umum sacara devinisi strukturalisme genetik yaiku njlentrehake
struktur kanthi menehi pangerten ing asal-usul karya. Secara ringkes ateges strukturalisme
genetik uga menehi pangerten analisis intriksik lan ektrinsik. Pandangan dunia minangka
wujud masalah pokok ing strukturalisme genetik.
Sacara metodologis, ing strukturalisme genetik Goldmann nyaranake kanggo
nganalisis karya sastra sing gedhe, lan bisa uga supra karya. Among ing karya sastra sing
gedhe panliti sacara bebas mlebu ing wewengkon kauripan, ruang-ruang kosong sing
diandharake pangriptane.
Sacara definitive strukturalisme genetik Parus ngandharake struktur lan asal-usul
struktur iku dhewe, kanthi mangerteni relevansi konsep homologi, kelas social,
subyektransindividual, lan pangangan dunia. Ing panliten, sing dilakoni antare, yaiku:
a) Nliti unsure-unsur karya sastra
b) Sambungan unsure-unsur karya satra karo totalitas karya sastra
c) Nliti unsure-unsur masyarakat sing migunani minangka genesis karya sastra
d) Sambungan unsure-unsur masyarakat karo totalitas masyarakat
e) Sambungan karya sastra sacara umum karo masyarakat sacara umum.
3. George Luckas uga melu njlentrehake babagan panliten kang padha, kang sarupa karo
paham marxis. Miturute Luckas, karya sastra iku minangka kasil refleksi saka individhu
utawa masyarakat kang ora bebas kelas. Ana kene, individu lan masyarakat iku minangka
panyengkuyung saka kelas-kelas tartamtu ana ing masyarakat. Individu ora ngadeg dhewe,
nanging minangka anggota saka maasyarakat kang mengkone banjur digawe pantulan liwat
karya sastra
strukturalisme genetik, karya sastra iku ora mung kedadeyan saka salah sijine struktur
kang tetep lan lair dhewe. Karya sastra dilairake dening struktur kategoris pikiran subjek
pangriptane utawa subjek kolektif tartamtu sing kabangun akibat gegayutan antarane subjek
karo situasi sosial lan ekonomi tartamtu. Pemahaman struktur karya sastra kudu nimbangake
prakara-prakara sosial sing nglairake, amarga prakara-prakara sosial mau kang menehi padu
lan orane struktur karya sastra (Goldmann sajroning Faruk, 1996:13).
Teori strukturalisme genetik sajroning mahami karya sastra ngerembakakake telung
prakara sing dasar. Telung prakara iku yaiku struktur karya sastra, subjek kolektif sing
ngasilake karya sastra, lan kedadeyan-kedadeyan sosial sing nyebabake subjek kolektif nulis
karya sastra. Telung prakara mau kudu dideleng nganggo gegayutan sing dialektika utawa
timbal- balik.
Teori struktural genetik sejatine nggandengake analisis struktural karo materialisme
histories lan dialektik. Karya sastra kudu dipahami nganggo totalitas kang nduweni makna.
Teks sastra nduweni kepaduan total. Unsur-unsur sing mbentuk teks ngandhut arti, lan bisa
menehi gambaran sing jangkep lan padu marang makna kang ana ing karya sastra (Damono,
1984:39).
Strukturalisme genetik dibangun karo prinsip “struktur-historis-dialektik”.
Pemahaman karya sastra kudu diwiwiti saka “struktur teks”. Struktur teks kang dimaksud
yaiku gegayutan “bagian” karo “totalitas”. “Bagian” bisa nduweni arti yen di seleh
sajroning konteks “totalitas”, uga “totalitas” mau banjur nduweni arti yen dihubungake karo
“bagian”. Pemahaman struktur “bagian totalitas” wajib ditindhakake dening peneliti.
Pemahaman karya sastra bisa ditindhakake nganggo gegayutan struktur karya sastra
karo kedadeyan sosial sing nggawe pangripta nulis karya sastra. Kasunyatan sosial sing
nggawe pangripta nulis karya sastra diarani historis utawa sejarah. Karya sastra asring digawe
saka salah sawijine sejarah utawa kedadeyan sosial sing wigati ing wayah tartamtu, mula
analisis sing dirembakakake strukturalisme genetik nduweni sipat sinkronis.
4. Pemahaman karya sastra nganggo cara “dialogis” ing kedadeyan-kedadeyan sajroning
struktur “bagian totalitas” ing struktur novel nganggo struktur sosial ing sanjabane karya
sastra diarani nganggo proses “dialektika”. “Dialektika” yaiku dialogis antarane struktur
teks karya sastra karo struktur sosial ing njabane karya sastra. Struktur sosial ing njabane teks
awujud struktur sosial bebrayan pangripta lan struktur sejarah (historis) sing mbentuk laire
karya sastra.
Damono (1984:39-40) njlentrehake yen salah sijine prinsip teori strukturalisme
genetik yaiku supaya bisa realistis lan sosiologis, kudu nduweni sipat historis. Upaya
ngonceki kedadeyan-kedadeyan ing masyarakat (teks sastra) miturut struktur utawa sajroning
kasunyatan sing mbutuhake salah sijine metode sing asipat sosiologis lan historis. Sosiologi
nduweni sipat abstrak yen dipisahake saka sejarah lan sejarah dadi abstrak uga yen
dipisahake marang sosiologi.
Karya sastra kang kedadeyan saka bebrayan mujudake struktur. Struktur karya sastra
ora struktur sing statis, nanging dinamis. Karya sastra iku kasil saka proses sejarah sing terus
kedadeyan, proses strukturasi lan destrukturasi sing urip lan ditindhakake dening masyarakat
asal karya sastra sing kedadeyan (Faruk, 1999:12).
Saka struktur, karya sastra bisa digoleki asal-usule utawa genetike. Asal-usule karya
sastra ora liya yaiku pangripta iku dhewe. Saliyane iku, pangripta ngasilake karya amarga ana
kedadeyan-kedadeyan kang mbentuk pangripta. Kedadeyan sosial kang dianggep ora sarujuk
karo kekarepane subjek kolektif pangripta lan nyebabake pangripta nulis karya sastra.
Tuladhane, wayah kelompok sosial panguasa ngorupsi dhuwit rakyat, pangripta sing dadi
bagian kelompok sosial sing diperes banjur nulis karya sastra sing nduweni tema panguasa
sing korupsi.
Struktur karya sastra nduweni gegayutan sing raket karo struktur sosial. Struktur karya
sastra yaiku sekabehe teks basa karya sastra (wujud) sing nduweni teges lan dinamis. Diarani
dinamis amarga karya sastra iku awujud saka proses sejarah sing terus mlaku lan ditindhakake
masyarakat ing ngendi wae karya sastra iku ana. Istilah “genetik” iku mlebu saka pangerten
yen karya sastra nduweni asal-usul (genetik) ing sajroning proses sejarah ing salah sawijining
masyarakat (Saraswati, 2003:76). Sumber karya sastra saka individual sing didiwenehi
pangaribawa dening tradisi lan konvensi. Sumber sing dijupuk saka gambaran kedadeyan-
kedadeyan sosial (Ratna, 2009:35).
Goldmann (1975:156) ngandharake yen strukturalisme genetik kedadeyan saka
hipotesis. Kabeh tumindhake manungsa mujudake salah sawijine upaya kanggo menehi
5. respon kang nduweni makna marang kedadeyan tartamtu lan kanggo mujudake keseimbangan
subjek aksi sajroning lingkungan sosiale. Kecenderungan keseimbangan iku ngasilake
karakter kang ora ajeg. Teori sing dibangun Goldmann iki nggambarake yen sajroning
bebrayan, manungsa cenderung nduweni tumindhak sing kebak prakara sajroning upayane
kanggo mujudake keseimbangan sosial utawa nilai-nilai ideal kanggo subjek kolektif
sajroning ngadepi kelompok sosial liyane.
Kasunyatan kang padha uga awujud ing karya sastra. Subjek-subjek ing novel sing
apik mujudake gambaran manungsa sing kebak prakara. Miturut Goldmann (sajroning Faruk,
1999:12) karya sastra iku sejatine wujud struktur kategoris pikiran kelompok sosial tartamtu.
Struktur kategoris pikiran kelompok sosial tartamtu yaiku gagasan, aspirasi, utawa perasaan
sing nggubungake kelompok sosial tartamtu sing ora sarujuk karo kelompok sosial liyane. Iki
kang diarani pandangan dunia. Bisa dijupuk dudutan yen pemahaman ngenani struktur karya
sastra ora bisa ditindhakake tanpa pemahaman ngenani pandangan dunianing pangripta.
Miturut Damono (1984:37), strukturalisme genetik sing dadi teori panaliten sosiologi
sastra nduweni petang ciri dasar. Sing kaping pisan, kawigaten utama strukturalisme genetik
yaiku marang keutuhan utawa totalitas. Totalitas luwih penting tinimbang bagian-bagiane.
Totalitas lan bagian-bagiane bisa dijlentrehake yen dideleng saka pandelengane “gegayutan-
gegayutane” sing ana sajroning bagian-bagian iku. Sing dadi telaah strukturalisme genetik
yaiku gegayutan sing ana antarane bagian-bagian sing nggabungake dadi totalitas. Kaping
pindho, strukturalisme genetik ora nelaah struktur saka njabane, nanging struktur ing
sajroning kasunyatan empiris. Ketelu, analisis strukturalisme genetik yaiku analisis sinkronis,
lan ora diakronis. Kawigatene dipusatake ing gegayutan-gegayutan sing ana ing salah sijine
kedadeyan ing wayah tartamtu. Kaping papat, strukturalisme genetik sarujuk marang hukum
perubahan wujud lan ora kausalitas.
Strukturalisme genetik mujudake teori sing didukung karo konsep-konsep. Konsep-
konsep iku yaiku kedadeyan ing donyaning manungsa, subjek kolektif, konsep struktur karya
sastra, lan pandelengan ngenani donya.
2.2 Pandangan Dunia
Pandangan dunia, miturut Goldman (Faruk, 1988:74) iku minangka istilah kang
cocog kanggo komponen saka gagsan-gagasan, inspirasi-inspirasi, lan rasa pangrasa kang
digayutake bebarengan antarane kelompok-kelompok lan anggota-anggota liyane. Saliyane
iku, Goldmann (1981:11) uga ngandharake yen pandangan dunia mau minangka perspektif
kang gegayutan ngenani hubungan antarane manungsa lan sapedhane, lan uga karo alam
6. semesta. Saka kene banjur bisa diweruhi yen pandangan dunia iku salah sawijining
kesadharan masyarakat sajeroning ngadhepi panguripan.
Goldmann (1977:25) uga ngandharaken yen pandangan dunia iku minangka ekspresi
psike lewat sambungan dialektis, kolektifitas tartamtu kanthi wewengkon social lan fisik, lan
kedadeyan ing periode sejarah. Pandangan dunia dimasalahake ing jinise disiplin, lan kanthi
devinisi sing beda-beda. Pandangan dunia kaya sing diandharake ing karya satra, mligine
miturut visi strukturalisme genetik, nduweni paedah nduduhake kecenderungan kolektifitas
tartamtu.
7. BAB III
ANDHARAN
Karya sastra minangka salah sawijining sarana kanggo nglebur dhiri ana ing jagading
masyarakat. Saka karya sastra, kita bisa nyuntakake sakabehe rasa-pangrasa kanggo
masyarakat utawa liyane. Ora kejaba ana ing jaman modheren iki. Kira-kira iku mau kang
dadi salah sawijining gagasan saka pangripta kanggo ngripta karya sastra. Ing sajrone karya
sastra kanthi irah-irahan “Suminar” iki pangripta nggambarake wanodya desa kang isih
ngugemi patrapane dadi wanodya jawa kang isih ngugemi sakabehe aturan-aturan wanodya
jawa. Salah sawijine sikap kang digambarake yaiku sikap kasetyan.
3.1 Kasetyane Wanodya desa
Kasetyan utawa sikap setya kuwi minangka salah sawijine tumindak kang nurut utawa
patuh tumrap sakabehe aturan-aturan kang wis ditetepake. Wujud sikap setya yaiku rela
berkorban, upamane rela berkorban sekolah karo sinambi kerja kanggo ngragati adine
sekolah, amarga wong tuwa uripe kacingkrangan. Saliyane kuwi isih akeh banget wujud sikap
setya. Kaya ta kasetyane wanodya desa, kang uga ateges sikap setya utawa patuh, isih
ngugemi aturan-aturan minagka kodrate wanodya jawa samestine kang mligine uga diugemi
dening masyarakat jawa.
Kaya kang wis kita mangerteni, yen isih akeh pamawase masyarakat kang pitados yen
wanodya desa kuwi wanodya kang isih lugu lan isih mangerteni unggah-ungguh. Andharan
kasebut salaras karo gegambaran paraga Suminar ing sajrone novel “Suminar” anggitane
Tiwiek SA. Ing kene pangripta nggambarake yen Paraga Suminar kuwi minangka wanodya
desa kang nduwe sikap lugu lan isih mangerteni unggah-ungguh jawa. Luwih cethane bisa
kadeleng cuplikan crita ing ngisor iki.
“...... Suminar wis resmi dadi bojone iku disawang. Dibandhing-
bandhingake karo liyane. Pranyata ayune suminar ora ana sing
mbandhingi. Ayu alami tanpa pulasan! Indarto rumangsa begja. Ya
mung emane, isih katon lugu. Saengga srawunge isih ketara kaku.
Nanging Indarto yakin, ora suwi maneh Suminar bisa nyalarasake
dhiri”
Saka kutipan crita ing ndhuwur wis cetha yen pancen Suminar kuwi wanodya desa,
dheweke nduweni rupa kang ayu, ayu alami tanpa pulasan make up. Banjur dheweke uga isih
nduweni sikap lugu, kang ketara isih kaku anggone srawung karo wong kutha kang wis
moderen pamikire. Saengga saka sikap lugune Suminar kuwi bisa dimangerteni yen Suminar
8. isih ngugemi unggah-ungguh jawa. Mula Suminar minangka wanodya kang setya tumrap
aturan-aturan wanodya jawa samesthine kang mligine uga diugemi masyarakat jawa.
Saliyane nduweni sikap kang lugu, ing kene paraga Suminar uga digambarake
wanodya desa kang nduwe sikap andhap asor lan prasaja, Sikap andhap asor ateges sikap
ngromati wong kang luwih tuwa, lan prasaja ateges sikap apa anane. Gegambaran sikap
andhap asor lan prasaja paraga Suminar luwih cethane bisa kadeleng saka cuplikan ing ngisor
iki.
“Yu Munah meneng ora suwalan. Nanging batine kelara-lara. rasa
ora seneng marang Siska sansaya kandel. Beda adoh karo Suminar.
Bendarane lawas kuwi babar pisan ora nate guneman kasar. Nyrengeni
uga ora tau. Malah kerep bae Munah dijaluk aweh panyaruwe manawa
ana tumindake Suminar sing dianggep kurang trep. Semono uga
pangundang. Suminar kipa-kipa ora gelem nalika Yu Munah ngaturi
„Ndara‟. Jarene kok kaya kethoprak. Suminar luwih seneng diudang
„ning‟ utawa „bu‟ ngono bae”
Saka cuplikan ing nduwur katon cetha yen Suminar masiya wis dadi sisihane Indarto
wong sugih, Suminar tetep nengenake urip kanthi andhap asor lan prasaja, ing kene bisa
kadeleng saka gegambaran sikape Suminar marang abdine kang jenenge Yu Munah, masiya
Suminar dadi bendara ning dheweke ora seneng yen geneman kasar karo abdine, dheweke
malah seneng yen dielingake abdine nalika dheweke nglakoni tumindak kang ora bener,
saliyane kuwi Suminar uga ora seneng diaturi sebutan „ndara‟ dheweke luwih seneng diaturi
„ning‟ utawa „bu‟ wae. Saka gegambaran sikap Suminar kasebut, bisa dimangerteni yen
Suminar minangka wanodya desa kang kuat anggone ngugemi aturan minangka kodrate dadi
waondya jawa.
3.1.1 Kasetyane Suminar marang rasa katresnane ing Teguh Wiyono
Manungsa urip mesti nduweni rasa katresnan, lan rasa katresnan kuwi tuwuh saka
jroning ati kang paling njero. kaya rasa katresnane Suminar marang kekasihe Teguh Wiyono
kang gedhe, wis ndandekake Suminar setya marang rasa tresna kang sumimpen ing jroning
atine. Masiya dheweke ora bisa urip sisihan karo Teguh nanging dheweke isih setya marang
rasa katresnane ing Teguh. Luwih cethane bisa kadeleng cuplikan ing ngisor iki.
“Dinane terus lumaku. Ora rinasa rong wulan wis kliwat. Sasuwene
kuwi antarane Suminar lan Teguh ora kepalang sengga runggi maneh.
Kabeh wis nyadhari kalungguhane dhewe-dhewe. Padhadene wis
nyadhari kanyatan kang dumadi. Najan isih nggembol rasa tresna,
cukup disimpen ing telenge ati. Yen ana ngomah, Teguh tansah
ngajeni lan basa mlipis marang Suminar. Ing pamrih ora nuwuhake
kasujanan. Nanging yen pinuju ngeterake kursus, utawa kapinujon ana
kalonggaran sapejagong wong loro, najan tetep ngajeni nanging Teguh
9. ora basa-binasan. Cukup ngoko bae. Sing wigati ora nganti nglanggar
wates-wates tinamtu sing pancen kudu diugemi”
Saka cuplikan ing nduwur bisa kadeleng wujud kasetyane Suminar marang katresnane
ing Teguh, sajrone cuplikan kasebut kagambaraek yen Teguh mantan kekasihe iku dadi sopir
pibadine Indarto bojone Suminar, nanging masiya Suminar wis nduwe bojo, Suminar tetep
nguggemi yen dheweke isi tresna karo Teguh, masiya rasa tresa kuwi mung kasimpen ing
sajrone ati. Suminar wis dudu wanodya kang ijen maneh. saengga dheweke anggone
sesrawungan karo Teguh tansah ati-ati supaya ora nerak wewalere urip.
3.1.2 Kasetyane anak marang wong tuwa
Kasetyane anak marang wong tuwa mujudake begtine anak marang wong tuwane. yen
anak begti marang wong tuwan wis mesthi jalaran rasa tresnae marang wong tuwane. ora
mungkin anak begti marang wong tuwane nanging ora tresna. kaya Suminar sing begti
marang Make jalaran Suminar tresna marang Make, ora kepengin nggawe kuciwane Emake.
kaya cuplikan ing ngisor iki:
“Mikir tekan kono Suminar nggresah. Banjur tumengga nyawang
emake, sing wektu kuwi isih sentrap-sentrup nangis. Thukul welase.
Ah, mesakake tenan Emak. Wis katon tuwa, mangka isih kudu
ngrekasa uripe. Kapan bisa ngrasakake urip kepenak. Lan bisane dadi
kanyatan, salah siji dalan mung nempil utawa nunut kamulyane
anake……………………….” (Tiwiek SA:14)
“-Ah, ngapa aku ngrekasa mikir Mas Teguh! Genah sing dipikir ora
ana jluntrunge ngono, thik! Wis, becike aku nampa panglamare
Mbokdhe Kadinah bae. ngiras kanggo nuduhake begtiku marang wong
tuwa!...........” (Tiwiek SA:15)
Saka cuplikan ing ndhuwur iku bisa kaandharake yen Suminar anduweni rasa melas
marang Emake jalaran Suminar tresna marang Emake. saka katresnane iku mula Suminar
begti marang wong tuwane gelem nrima lamarane Mbokdhe Kadinah minangka Mbokdhene
Indarto.
“Mak, bebarengan iki aku kirim dhuwit. Mung sithik kena-kenaa
kanggo imbuh tuku bukune Suminto. Ngenani panggonanku…….
(Tiwiek SA:120)
saka cuplikan ing ndhuwur iku bisa kaandharake yen Suminar tetep kirim dhuwit
amarga iku wis dadi tangungjawabe anak marang wong tuwa, ngrewangi wong tuwa supaya
10. ora kabotan nangung kabutuhan urip sedina-dina lan tanggungjawab nyekolahne anak, masiya
ta Suminar wis ditundhung Indarto saka omahe
3.1.3 Kasetyane Suminar marang Indarto
Wong bebojowan iku pnacen kudu tresna lan kudu setya marang bojone, luwih-luwih
bojo wadon. wong wadon iku kudu setya lan patuh marang wong lanang. kaya paraga
Suminar ing novel “Suminar” iki, Suminar tansah satya marang Indarto najan dheweke during
isa tresna marang Indarto.
“ Hla yen jiwaku, biyen mula aku rak wis matur. aku ora tresna
marang Mas Indarto. Sejatine wis dakcoba nresnani, pranyata during
kasil. Aku during bisa mresnani panjenengan sawutuhe. Mula aku
luwih ngutamakake kasetiyan.” (Tiwiek SA:72)
Saka cuplikan ing ndhuwur iku bisa kaandharake yen sejatine Suminar durung isa
nresnani Indarto, masiya jroning ati durung bisa tresna ananging Suminar setya marang
Indarto minangka bojone. Wujud kasetyane Suminar yaiku dheweke bakal patuh marang
sakabehe aturan saka bojone, babagan kasebut kang munjudake tanda yektine Suminar
marang bojone.
“………………… marem-mareme wong lanang yen mentas
nyambutgawe dipapagake bojo kantho esem manis. weling kasebut
diestokake tenan. ora preduli repot, saben krungu swara panggerenge
mobile, Suminar mesthi banjur lumayu njranthal mapagake.” (Tiwiek
SA:46)
Saka cuplikan ing ndhuwur iku bisa kaandharake yen Suminar setya lan begti marang
Indarto, bojone. nalikane Suminar isih repot ana ing pawon utawa repot lagi lapo wae mesthi
ora ninggalake kewajibane dadi bojo. nalikane Indarto mulih mesthi Suminar mapag Indarto
kanthi esem lan ati bungah.
“Sapungkurku sing ngati-ati. Marang sampeyan Yu, aku meling.
Ladenana kabutuhane Mas Indar kaya padatan. Lan aja ngayar-anyari
tangkebmu najan aku wis ora neng kene. Wis Yu, Jan, aku budhal!”
(Tiwiek SA:74)
Saka cuplikan ing ndhuwur iku bisa kaandharake yen masiya Suminar wis ora ana
neng omah kono, nanging dheweke isih tetep mikirake Indarto, bojone. Suminar meling
marang Yu Munah supaya ngladeni Indarto kaya biyasane ora ana kang diowahi, ditamabahi
apa dikurangi
11. 3.2 Unsur Ekstrinsik
Analisis struturalisme genetik novel “Suminar”, saliyane nganalisis unsur instrinsik
uga unsur eksternal kang ngrembug bab latar belakang sejarah, jaman, lan sosial masyarakat.
Mula saka kuwi, Tiwiek, SA sajroning reriptane mesthi ana pengaruh kahanan masyarakat
sakiwa tengene. Nang kene karakter ideologi lan ekonomi warga kalidawir nduweni pangaruh
tumrap novel “Suminar”. Mula bukane yaiku tatanan urip ing sajroning masyarakat Kalidawir
kang isih diarani masyarakat kuna, durung diarani masyarakat modern, amarga kaya kanyatan
yen masyarakat kalidawir ora mikir kaya dene masyarakat kang berpindidikan, upama ana
pendidikan mesthine durung kompleks utawa jangkep kaya kang ana ing kutha. Masyarakat
Kalidawir luwih mikir ngenani donya, mung mikir kepriye carane supaya oleh dhuwit akeh
lan ora mikir dawa, apa bae dilakoni. Mula analisis tumrap novel “Suminar” menehi catetan
ngenani pangaruh eksternal pangripta ngenani karyane.
3.2.1 Karakteristik ideologi
Perkara kang ana sajroning novel “Suminar” iki yaiku ngenani kasetyane wanodya
desa kang dianggep durung setya, kamangka kasunyatane suwalike. Karakter ideologine
pangripta kang tuwuh yaiku nalika nggambarake wanodya desa aran Suminar, dheweke
nggambarake minangka wanodya kang lugu lan tansah bakti marang bojo lan wong tuwa,
mbuktekake yen pangripta minangka pawongan kang mangerteni kepriye wateg wantune
wong wadon desa.
3.2.2 Karakter ekonomi
Kahanan kang ana ing desa ora menehi kalodangan tumrape kanggo nguber bab kang
asipat duniawi, tegese seneng-seneng. Pamikiran wong desa ngenani ekonomi yaiku urip
sederhana, lan dheweke ngugemi prinsip bisa mangan yen gelem kerja. Upama pengin nduwe
sing luwih dheweke kudu uwal saka desa, kaya apa kang diugemi dening prapti minangka
ibune Suminar, yen pengin luwih penak kudu bisa mentasne Suminar kanthi cara jodhohake
Suminar marang pawongan sugih ing kutha yaiku Indarto.
3.3 Sesambungane Pangripta Tumrap Karya Sastra
Panaliten iki, kaya kang wis kacethakake ing bab sadurunge, yaiku migunakake
rancagan panaliten strukturalisme genetik. Genetik kang dikarepake ing kene, yaiku keturunan
utawa asal usul, gegayutan karo sejarah uripe pangripta minangka pawongan kang ngasilake
karya sastra. Sawise analisis unsur intrinsik ditindakake, banjur nganalisis unsur ekstrinsike,
lan salah sijine unsur ekstrinsik iki yaiku sejarah uripe pangripta mau.
12. Lelandhesane strukturalisme genetik, kang selaras karo panemune Goldman yaiku
pandangan dunia pangripta. Ing panaliten iki, Tiwiek SA minangka pangripta, duwe
pandhengan tartamtu, gegayutan karo jejere minangka perangan saka masyarakat sakiwa
tengene. Pandhengan dunyane Tiwiek SA, gegayutan karo sejarah uripe (genetik)
Jeneng asline yaiku Suwignyo Adi, kang lair ing Dusun kedungdawa Desa
Sukorejokulon Kecamatan kalidawir, Kabupaten Tulungagung dina senin paing tanggal 8 Juni
1948. Suwignyo Adi panggon ing omahe Desa Karangtalun RT 04/RW III Kecamatan
Kalidawir Kabupaten Tulungagung. Pakaryane diawiti ing taun 1968, dheweke dadi Guru
Wiyata Bakti (GTT) ing SD Negeri Kalibatur I, Kecamatan Kalidawir Kabupaten Tulungagug
kanthi honor saben sasi Rp. 600,00. Tahun 1972 nganti 1973 dadi Guru Honorer Daerah
(Guru Honda) ing SD Negeri Karangtalun I, Kecamatan Kalidawir, Kabupaten Tulungagung
kanthi honor saka Pemda Rp. 2.500,00. Taun 1973 nganti 1975 dadi Pegawai Bulanan Daerah
(Capeg) minangka Guru ing SDN Karangtalun I Kecamatan Kalidawir Kabupaten
Tulungagung, Golongan ruang II/a kanthi gaji pokok Rp. 1.350,00. Taun 1975 nganti 1995
dadi pegawai Negeri Sipil Daerah (Pegneg) minangka Guru SDN Karangtalun I Kecamatan
Kalidawir Kabupaten Tulungagung kanthi NIP. 510045519. Golongan ruang awit II/a nganti
III/b, gaji pokok Rp 1.525,00 (II/a) nganti Rp. 272.400,00 (III/b). Taun 1995 nganti 2002 dadi
Kepala Sekolah ing SD Negeri Rejosari II Kecamatan Kalidawir, Tulungaung. Golongan
Ruang III/b nganti IV/a. Gaji pokok Rp 272.400,00 (III/b) nganti Rp 483.900,00 (IV/a) taun
2002 nganti 2003 dadi Kepala Sekolah ing SD Negeri Kalidawir IV Kecamatan Kalidawir
Kabupaten Tulungagung. Taun 2003 nganti 2008 dadi kepala sekolah SD Negeri karangtalun
kecamatan Kalidawir Kabupaten Tulungaggung nganti pensiun 1 Juli 2008. Golongan ruang
IV/b kanthi gaji pokok pensiun Rp 1.557.800,00 (durung diinpas). Nalika 6 taun dadi kepala
sekolah wis kasil ngrembakakake sekolah lan didadekake SD Sentre ing Kecamatan
Kalidawir kasebut. Nalika karir kang awitan minangka guru, dheweke uga nduweni pakaryan
sampingan, yaiku minangka pelukis amatiran lan dadi tukang kayu kangggo nindakake mebel
ukir. Dheweke uga tau dadi pengrawit, main lan nulis naskah kethoprak, minangka sutradara
(Taun 1968 nganti 1977). Nanging pungkasane pakaryan sampingan ditinggal sawise
dheweke ngrasakake kauntungan minangka sastrawan Jawa. Dheweke uga nduweni tekat
nekuni pakaryan iku nganti tekaning pati.
Diwawas saka sejarah uripe Suwignyo Adi, bisa dimangerteni yen panjenengane miyos
lan diwasa ana satengahe laladan desa, mula pamikiran-pamikiran ndesa kang adi luhung
tansah tumancep ing pribadine Suwignyo Adi, nanging masiya ngono dheweke uga minangka
pribadhi kang terbuka tumrap apa wae kang asipat migunani. Iki bisa diwawas saka karya-
13. karyane kang luwih akeh ngandharake ngenani urip ing desa lan uga bisa diwawas saka
kutipan sajroning blog resmine Suwigya Adi.
...”Selama 6 tahun menjabat di SD Negeri Karangtalun I banyak
gebragan dan terobosan untuk memajukan sekolah yang pernah
dinyatakan sebagai SD Sentre di Kec. Kalidawir tersebut. Di antaranya
: Merenovasi fisik gedung dengan swadana wali murid. Membangun
tembok pagar keliling dan tempat sepeda permanent atas swadana wali
murid. Pengadaan dan memasukkan computer sebagai mata pelajaran
Teknologi Informasi*) Membenahi administrasi sekolah/pembelajaran
secara menyeluruh. Mempersiapkan masak-masak untuk mengikuti
akreditasi sekolah sehingga berhasil meraih nilai “A”. Di akhir
jabatannya merintis pengenalan internet untuk guru/siswa*). Satu-
satunya di Kecamatan Kalidawir dengan jumlah computer 13 unit 9
unit berasal dari swadana wali murid, 4 unit sumbangan dari mantan
siswa, ketua komite, dan guru”....
...”Sasuwene 6 taun dadi kepala sekolah ing SD Negeri Karangtalun I
akeh gebrakan lan trobosan kanggo ndadekake maju sekolah kang tau
diakoni minangka SD Sentreing kecamatan Kalidawir kasebut. Ing
antarane : Renovasi fisik gedung kanthi swadane wali murid. Mangun
tembok pager saubengan lan panggonan sepeda permanent kanthi
swadana wali murid. Nganakake komputer minangka mata pelajaran
Tekhnologi Informasi, ndandani administrasi sekolah/sinau kanthi rata.
Nyepakake masak-masak kanggo melu akreditasi sekolah saengga
kasil nggayu nilai “A”. Ing pungkasane ngrintis Pengenalan Internet
kanggo guru/siswa. Amung siji ing Kecamatan Kalidawir kanthi
gungung komputer 13 unit, 9unit asil saka swadana wali murid, 4 unit
sumbangan saka mantan siswa, ketua komite, lan guru”...
Saka pethikan kuwi mau bisa diwawas yen Suwignyo masiya urip ing desa, yaiku
Kalidawir isih gelem nrima bab bab kang anyar kang bisa ngrembakakake sekolahane,
masiya kuwi saka sejarah pakaryane ing dhuwur bisa dimangerteni yen Suwignyo minangka
pribadhi kang utun, tegese masiya dheweke ngawiti karir saka guru GTT, dgeweke tansah
ngupaya supaya bisa luwih saka GTT, nganti pungkasane dheweke dadi kepala sekolah.
Abrams (1981: 175) mratelake yen latar carita bisa diperang dadi telu, yaiku latar sosial,
geografis utawa papan, lan latar wektu. Sajroning Novel “Suminar”, latar sosiale yaiku latar
sosial pawongan ndesa kang nduweni pamikiran ndesa, geografis utawa papane uga ing desa,
yaiku desa Kademangan Blitar.
Saka carita sajroning novel “Suminar” iki cetha nggambarake yen pangripta minangka
pawongan kang ndesa nanging isih gelem nampa bab kang anyar, kabukti ing sajroning crita
dheweke uwis mikir anane pendhidhikan, patrape wong desa kang wis gumathok, nalika wis
lulus SMA sing dipikir yaiku kepriye golek mangan kanthi kepenak, nanging ing kene paraga
14. Suminar isih gelem kursus basa Inggris, saliyane kuwi dheweke uga mikir carane
nyekolahake adhine nganti tutug.
3.4 Pamawase Pangripta ngenani “Kasetyane Wanodya Desa”
Suwignyo Adi minangka sawijining pawongan kang asli saka dusun tansah ngugemi
apa-apa bae kang dadi tradisi kang adi luhung ing Tanah Jawa, kabukti ing sajroning blog e
kang resmi dheweke ngandharake yen bakal nganti mati tansah njaga lan ngugemi sastra
Jawa. Mula yen digayutake karo pamikirane kuwi mau, mokal yen pangripta arep
nglirwakake kalungguhane wanodya desa kang samesthine yaiku minangka wanodya kang
tansah tunduk marang apa bae kang dadi kodrate lan tansah setya tuhu marang bojo. Tegese
tunduk yaiku manut apa bae kang dikandhakake dening bojone, kodrat kang dikarepake yaiku
kodrate sajroning mangun bale wisma, kudu tansah prasetya ing janji karo wong lanang siji
yaiku bojone, setya tuhu marang bojone tegese wanodya kudu setya marang bojo, ora kena
nduweni pamikiran arep nglirwakake kuwajibane sajroning bale wisma.
3.5 Pamawase Bebrayan (Pandangan Dunia) ngenani “Kasetyane Wanodya Desa”
Masyarakat yaiku pasrawungan lan bebrayaning ngaurip sing kaiket kabudayan
(Suwadji, 2001:495). Kabudayan kang dikarepake yaiku pamikiran kang padha tumrap
samubarang kang ngrembaka sajroning bebrayan, yen digayutake karo pangripta, masyarakat
kang kaiket kabudayan iki mesthine nduweni pamikiran kang padha karo pangripta ngenani
Kasetyan Wanodya Desa, yaiku wanodya desa tansah prasetya ngugemi janji marang wong
lanang, ora bakal nglirwakake kuwajibane minangka wong wadon sajroning bale wisma.
15. BAB IV
PANUTUP
4.1. Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut yen Novel kanthi irah-irahan “Suminar”
dionceki kanthi kajian strukturalisme genetik mujudake 2 unsur, yaiku unsur intrinsik
minangka unsur sajroning karya sastra lan unsur ekstrinsik minangka unsur sajabane karya
sastra, sajroning unsur intrinsik nduweni tema ngenani kasetyane wanodya ndesa banjur
ngrembaka dadi tema-tema minor liyane, unsur ekstrinsik kang menehi pangribawa anggone
pangripta ngripta karya sastra iki ana 2 yaiku karakteristik ideologi pangripta lan karakteristik
ekonomi.
Pamawas pangripta ngenani kasetyane wanodya desa yaiku minangka wanodya kang
tansah setya tuhu ngugemi prinsipe wanodya jawa, yaiku minangka wanodya kang tansah
setya marang bojone lan nglakoni apa kang wis dadi kodrate minangka wong wadon sajroning
urip sajroning bale wisma.
16. KAPUSTAKAN
SA, Tiwiek. 2012. Suminar. Yogyakarta: Elmatera Publishing
Aminudin. 2004. Pengantar Apresiasi Sastra. Bandung:Sinar Baru Algasindo
Depdiknas. 2001. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta:Gramedia
Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Sastra. Jakarta:Gramedia
Jabrohim 1994. Pengantar Sastra. Yogyakarta : Pustaka Pelajar
Luxemburg, dkk. 1989. Pengantar Ilmu Sastra. Jakarta: PT Gramedia
Nurgiantoro, Burhan. 2002. Teori Kajian Fiksi. Yogyakarta:UGM Press
Pradopo, Rachmat Djoko. 1976. Pengkajian Puisi. Yogyakarta:UGM Press
Pradopo, dkk. 2002. Metodologi Penelitian Sastra. Yogyakarta:Hanindita
Siswanto, Wahyudi. 2008. Pengantar Teori Sastra. Jakarta:PT Grasindo
17. SINOPSIS
Novel “Suminar”
Indarto, kang urip sukses ing Surabya kirim surat marang mbokdhe Kadinah ing desa
Rejowinangun, Kademangan Blitar. Intine, supaya mbokdhene iku gelem nggolekake calon
bojo perawan desa kono. Ora kudu anake wong sugih, sing wigati kelakuwane apik, kaibuan,
khusuk sokur yen terpelajar lan rupane ayu.
Pilihane Mbokdhe Kadinah lan Pakdhe Jayus, tumiba marang Suminar anake Yu Parti
tanggane. Bocahe ayu, kelakuwane apik, khusuk lan tamatan SMA. Wong loro banjur teka ing
omahe Yu Parti, ngrembug bab kasebut. Yu Parti langsung sarujuk lan langsung njamin,
Suminar mesthi gelem.
Suminar kang ditari paranyata ragu-ragu. Awit sejatine Suminar wis kadhung prasetya
nedya urip bebarengan karo Teguh, pemudha tangga desa kang pamit golek gawayan ing
kutha. Janjine Teguh, yen wis oleh gaweyan maton enggal nglamar Suminar. Naging janji
kasebut nganti wektu iku durung ana kabul kuwasanane. Kirim kabar uga ora tau.
Sidane Suminar gelem nampa Indarto. Indarto dhewe ya langsung cocog. Wong loro
banjur ningkahan. Suminar banjur diboyong menyang Surabaya. Sakawit urip ayem tentrem.
Awit sopir kasebut ora liaya Teguh, ora liya pacare Suminar. Lha salah sijine tugase Teguh
kudu ngeterake Suminar yen ngepasi kursusu basa Inggris.
Tingkah lan patrape Suuminar katon akrap karo sopire, dimanfaatake Sisika bocah
wadon kang naksir Indarto. Suminar dipetnah, wusana ditundhung lunga.
Sapungkure Suminar, Indarto ngrabi Sisika. Naging uripe malah rusak. Perusahaane
bangkrut awit kanggo nguja Siska. Klimake, Indarto kudu melbu pakunjaran awit mateni Boy,
wong lanag kang dhemenan karo Sisika. Sisika dhewe pungkasane nemoni ajal merga
kacilakaan. Sauntara kuwi Suminar kang lunga, sakawit kelunta-lunta. Tujune ditukung
saweneh kaluwarga kang bukak warung ing terminal Sala. Suminar banjur manggon ing kono.
Ya awit pitulungan kaluwarga kasebut, wusana Suminar sing pancen pinter nyinden wiwit
isih neng ndesa ditepungake kar dhalang Anom Suroto. Wusana banjur dadi pesidhen maton.
Metu saka penjara, Indarto kelingan Suminar. Dheweke getun wis nundhung lunga.
Saiki kudu bisa nemoake Suminar maneh. Ora sengaja sawijining dina wengi nyetel radhiyo.
Lha kok pas siyaran wayang kulit, ngepasi gara-gara. Ing kono jenenge Suminar kadidene
18. pesindhen anyar disebut-sebut. Indarto yakin, kuwi Suminar bojone. Banjur diluruh menyang
daleme Ki Haji Anom Suroto, ing Notodiningratan.