Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Macapat nduweni arti "maca papat - papat" kanthi tujuwan maca sawijine ukara kang dumadi saka patang gatra. Filosofi Tembang Macapat nerangake Proses uripe manungsa, proses sing diparingake dening
Gusti Allah, nganti manungsa balik marang Gusti Allah,
utawi ciri-cirine manungsa wiwit lair nganti mati
digambarake kanthi runtut ing tembang macapat
sewelas. Tembang Macapat ana 11 yaiku Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmaradhana, Gambuh, Dandhanggula, Darma, Pangkur, Meghatruh, lan Pocung. Ancasane Tembang Macapat minangka hiburan, estetika, pendhidhikan, pagelaran tradisional, sarana korespondensi, mantra kanggo ngusir bala', upacara kumpul. serto tuntunan lan piwulang marang masyarakat jalaran isine pancen kebak piwulang lan pitutur kang becik. Kanggo sarana hiburan amargi Tembang Macapat mesti di lagu.
3. Pengerten
Tembang Macapat
Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa
kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu
nggunakake kagunan swara.
Macapat nduweni arti "maca papat - papat"
kanthi tujuwan maca sawijine ukara kang
dumadi saka patang gatra
4. Filosofi
Tembang Macapat
Proses uripe manungsa, proses sing diparingake dening
Gusti Allah, nganti manungsa balik marang Gusti Allah,
utawi ciri-cirine manungsa wiwit lair nganti mati
digambarake kanthi runtut ing tembang macapat
sewelas.
Ning awali ceritane manungsa ing
alam roh utawi ing kandungane ibu.
Babagan jabang bayi ing guwa
garbane ibu nalika lagi mbobot
selanjute kejadian pembentukane
nyawa sing ngambang ing kandungan.
MASKUMAMBANG
MIJIL
Sinom asale saka tembung enom kang
nduweni teges enom, mudha artine
bocah-bocah mulai sinau lan adaptasi
karo lingkungane, dolanan Karo
kancane kabeh lan golek jati dirine.
SINOM
Laire anak manungsa ing ndunya.
Anane anak manungsa ing ndunya iki
dibarengi karo perkara sing beda-
beda. Sing paling utama yaiku suara
tangise bayi sing lair ing ndunya. Artine
tangisan kuwu simbol kekuatane ba
5. Kinanthi dijabarake "kanthi" yaiku nuntun
utawi di tuntun. Wektu nalika bocah
dituntun dening wong tuwane supaya
bisa dadi wong sing luwih apik ing
mangsa ngarep. Utawi bocah bisa
sekolah lan di Paringin bekal pendidikan.
KINANTHI
Manungsa wiwit melbu fase perasaan
utawa diartikake asmara. wong lanang
wiwit tresna marang wong wadon lan
kodok balene. ngisahake percintaan
kang diarani asmara. ing fase iki,
dinamika urip nyata lan kompleks ora
kaiket dening agama bakal Urip suram.
ASMARADHANA
Jumbo utawa nyatu. fase iki nyritoake
komitmen dening perkawinan gawe
nyatuake cinta ing urip rumah tangga.
dibutuhke sikap ngrumati lan duwe ati
sing Gedhe kanggo ngadepi bedane
GAMBUH
DANDHANGGULA
kakalih tiyang sepuh muncul, saka ikatan
perkawinan. gegambaran fase iki yaiku
Urip sing wis tekan tahap nggolei
kamapanan sosial lan kejayaane nilai
sandang, pangan, lan papan. kabeh fase
kuwi digambarake dandhanggula sing
diarani pahit uripe ing ndunya.
6. Sekar Durma diarani gambaran
manungsa sing kudu bisa wani ngadepi
cobaan. Tembang Durma duweni watak
greget, kuat, percaya diri, lan emosi.
Durma asale saka darma yaiku
manungsa kudu tingkah laku apik.
DARMA
Tembang Pangkur nggambaraken
sawijining wong tuwa kang wis wiwit
mudun fisik. Awake wiwit lemes lan ora
kuwat kaya nalika isih enom. Biasane
ing wektu iki wong bakal luwih cedhak
karo sing Maha Kuwasa. Fase iki pasrah
marang Gusti Allah lan nerima takdir.
PANGKUR
MEGHATRUH
Tembung Megatruh menika asalipun
saking tembung megat ingkang
tegesipun misah, saha roh inggih menika
nyawa, saengga megatruh menika
saged dipuntegesi pisahi pun roh kaliyan
badanipun manungsa. Makna kang
kinandhut ing tembang megatruh yaiku
nalika manungsa ngalami pati. Tembang
megatruh isine pitutur marang sapa wae
supaya nyiapake urip bebrayan
langgeng ing akhirat. Duweni watak
sedih lam prihatin. Manungsa bakal rugi
foya foya.
7. POCUNG
Tembang macapat pucung diibaratake
tataran pungkasan ing urip manungsa,
yaiku ana ing akhirat. Tembung pucung
utawa pocong ditegesi minangka wong
mati sing wis ana ing kuburan. Ing wektu
iku manungsa bali marang Kang Maha
Kuwasa kanggo ngira-ngira kabeh
tumindake nalika ana ing donya. Ruh
manungsa mbalik marang Gusti Allah.
Ngafani, pucung diarani jasad kang
dibungkus kain
8. Ancasane Tembang Macapat yaiku minangka
hiburan, estetika, pendhidhikan, pagelaran
tradisional, sarana korespondensi, mantra kanggo
ngusir bala', upacara kumpul. serto tuntunan lan
piwulang marang masyarakat jalaran isine pancen
kebak piwulang lan pitutur kang becik. Kanggo
sarana hiburan amargi Tembang Macapat mesti di
lagu.
Ancase
Tembang Macapat
9. Guru Wilangan yaiku akehe wanda
(suku kata) ing saben gatra (baris)
tembanggatra (baris) saben
sapada (bait) tembang
Paugeran
Tembang Macapat
Struktur teks tembang macapat yen
mung sapada mau wujude guru gatra,
guru wilangan lan guru lagu.
Guru Lagu yaiku dhong-
dhinge/tibane swara ing saben
pungkasane gatra
Guru Gatra yaiku akehe gatra
(baris) saben sapada (bait)
tembang
Tabel Paugeran
10. TEMBANG GARBA
Tembung loro utawa luwih digabung dadi siji kanthi ngurangi
cacahing wanda, nuwuhake tembung utawa frasa anyar.
Tembung kang kedadeyan saka gandhenge tembung loro
utawa luwih.
Tuladha :
Sira padha tegese karo : kowe, sampeyan, panjenengan
Rina padha tegese karo : rinten, siyang, awan
Sudra padha tegese karo : papa, mlarat, sengsara, kere.
11. Tembung, ukara utawa kombinasi tembung sing digunakake
minangka jeneng, julukan utawa simbol kasebut kanthi teliti. Istilah
kasebut digolongake minangka jinis ekspresi sing bisa mratelakake
makna perasaan, konsep, proses, kahanan, lan karakteristik sing
unik kanggo bidang tartamtu, kayata ilmu pengetahuan, teknologi, lan
seni.
Tembung-tembung sing asale saka Basa Jawan Tengahan/Jawa
Kunae. Tmbung iki biasane digunakake kanggo omongan sabendina,
mula saiki wis arange keprungu
Tuladha :
Tembung sudra ateges: mlarat
Tembung lawan ateges: mungsuh, tandhing
Tembung langar ateges: angkuh, sangar, seneng
padu
Tembung Kawi
12. Yaiku tembung pirang kang duwe teges siji utawa padha.
Tegese dasanama yaiku padanan tembung ing basa Jawa
kang nduweni teges meh padha, malah padha.
Asale saka tembung ‘dasan’ ateges sepuluh, 'nama' ategese
jeneng utawa aran. Dasanama : jenenge wong utawa aran
siji nduweni jeneng utawa aran nganti sepuluh (utawa luwih)
kang padha utawa meh padha tegese.
Tuladha :
Sira padha tegese karo : kowe, sampeyan, panjenengan
Rina padha tegese karo : rinten, siyang, awan
Sudra padha tegese karo : papa, mlarat, sengsara, kere
DASANAMA
13. Sandi asma : jenenge pangarang, pangripta, utawa
pujangga kang diwedharake kang satemene kang dipilah pilah
adhapur wanda-wanda utawa aksara-aksara.
Tuladha : " RADEN NGABEI RANGGAWASITA"
Rarasing kang sekar sarkara mrik
Den aksama dening sang sudyarasa
Ngawikan wekuningreh
Beraweng para ratu
Ilanga kang sesengker sarik
Rangas westhining angga
Gagating tyot antuk
Wartaning kang para tama
Sinaung tengran sembah trus sukaning budi
Tataning kang carita
SANDI ASMA
14. Sandi Karsa yaiku ukara kang diwedharake kang
satemene kang dipilah-pilah adhapur huruf. Sandi iki
digawe medharake cipta, gagasan, utawa kekarepan.
Tuladhane : "DINA PENDIDIKAN"
Dimen lebdeng kawruh
Ing pakaryan mrih trengginas
Nalar mulur rinengga ambeg berbudi
Anjrah mring para siswa
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Naning mulya
Dina dina kepungkur
Iku dadi landhasaneki
Dina kang bakal teka
Ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi Nuwsantara
SANDI KARSA
15. Identitas Panulis
Assalamu'alaikum wr wb
Nami kulo Annida Khofiyyah, kulo absen 06, Kulo sakniki
sekolah ing SMA Negeri 1 Pasuruan, Kulo lenggah ing kelas
XI MIPA 4. Hobi Kulo yaniku nulis, nggambar, lan sih akeh
liyane.
Kulo pengarel arep mugi-mugj buku iki bisa migunani
kanggo para pamaca. juli gawe lan ngrancang kanthi
kemampuan sing kulo duwe. Nyuwun pangapunten menawi
wonten kalepatan. Matur nuwun danget.
Waalaikumsalam wr wb