3. Maskumambang
Maskumambang dadekake tanda wiwit uripe manungsa ing
donya, tembang macapat iki mengenai gambaran babagan jabang
bayi ing gua gerbane ibu nalika lagi meteng. Tegesipun tembung
Maskumambang piyambak dipuntegesi dening wong akeh minangka
emas ngambang.
1
4. 2
Mijil
Anane manungsa ing donya iki
digambarake kanthi tembang
macapat, yaiku tembang mijil. Padha
artine karo wijil, yaiku metu saka
wetenge ibu.
5. Kinanthi
Ing prinsipe wong tuwa loro ngarepno
anake berkembang ung pamikiran. Banjur
bocah-bocah dikongkon metu saka omah
kanggo sosialisasi lan diwenehi pendidikan
ing lingkungan kaluwarga. "Kinanthi"
nyritakake babagan masa-masa tatansn
watak manungsa
3
6. Sinom
Ing umur bocah-bocah manungsa
mulai sinau kanggo adaptasi, lan tumbuh
berkembang liwat wektu lan urip. Proses iki
diarani Sinom. Sinom yaiku gegambaran
masa enom. Masa enom sing endah poll karo
harapan lan angan angan
4
7. 5
Asmaradana
Nalika pola pikir, hawa nepsu, jiwa lan raga
manungsa tuwuh ing pola urip lan lingkungan,
mula manungsa wiwit mlebu fase perasaan.
Tahap iki mbentuk imajinasi, logika lan perasaan
sing ditulis ing bait "Asmaradana".
8. 6
Gambuh
Sawise ana perjanjian urip bebarengan
karo pasangan, manungsa loro kang
nyoba ngatur ego dhewe-dhewe.
Tegese tembang gambuh yaiku nyawiji.
9. 7
Dhandanggula
Panembangan dhandhanggula asale saka tembang
gegadhangan kang ateges gegayuhan utawa pangajab.
Tembung gula ateges manis, endah lan nyenengake.
Panembangan iki nduweni makna sepasang kekasih kang
ngolehake seneng sawise ngliwati remen duka bareng-bareng
kanggo banjur nggayuh gegayuhan. karakter utawa watek
panembangan dhandhanggula yaiku seneng, luwes, lan endah
saengga cocog kanggo nuduhake kabecikan, raos tresna, lan
seneng.
10. Durma
Durma asale saka tembung derma kang
artine remen menehi lan berbagi rezeki,
panembangan durma nduweni makna mundure
tata krama utawa etika pawongan jero
kauripan. Panembangan iki nggambarake crita
manungsa kang wis ngolehake kenikmatan
saka tuhan lan ana jero kahanan kecukupan
kang samesthine bersyukur lan sawetara.
panembangan durma nduweni watek kang
keras, teges, lan kebak karo gejolak amarah,
iku lah mergane panembangan iki kagambar
sengkuyung perang lan pemberontakan.
8
11. Pangkur asale saka
tembung mungkur
kang ateges lunga lan
ninggalake,
panembangan
pangkur nduweni
makna dadi proses
ngurangi hawa nepsu
lan mundur saka
urusan duniawi.
Panembangan iki
nyaritakake ngenani
manungsa kang molai
mikir keuripan sawise
mati mengko.
PANGKUR
9
12. Megatruh asale saka tembung
megat roh kang artine putuse roh
utawa ucul saka roh, panembangan
megatruh nduweni makna perjalanan
manungsa kang wis rampung ing
kauripan donya. Panembangan iki
nggambarake kahanan manungsa kang
arep ngadhepi sakaratul maut. watek
panembangan megatruh yaiku
penyesalan, kesedihan lan kalungguhan
karo paugeran.
Megatruh
10
13. Pocung
Panembangan macapat
kang pungkasan yaiku
panembangan pocung
kang krasa saka tembung
pocong kang ateges
pawongan kang wis ora
bernyawa utawa pralaya
kang banjur dikafani
utawa dipocongi
sadurunge dikubur
Panembangan iki nggambarake menawa
saben kang bernyawa arep kelangan
nyawane lan menjeput ajale marang pati.
Sanadyan ateges pati nanging panembangan
pocung nduweni watek kang jenaka utawa
lucu kang digunakake kanggo nyaritakake
bab guyon dadi pitutur.
11
14. Ancase Tembang
Macapat
1
2
Isine pitutur kang diandharake kanthi
Wicaksana. Tembang macapat ngandhut
piweling supaya ing jaman biyen wong
tuwa nggunakake tembang macapat
kanggo pitutur marang bocah-bocah.
3
Tembang macapat wiwit-wiwitan
ana ing abad XVI Masehi nganti saiki
digunakake ing panguripan sosial,
kelebu minangka hiburan, estetika,
pendidikan.
Ana uga kang nggunakake
pagelaran tradhisional, piranti
korespondensi, mantra kanggo ngusir
bala, upacara temu temanten adat
Jawa, upacara kegiyatan Pangestu
lan filosofi siklus urip
Ancase Tembang Macapat
Yaiku:
12
15. Pangerten
Guru gatra kuwi cacahe larik
(banyaknya baris) saben pada
(tiap bait)
Guru Gatra
Guru wilangan kuwi cacahe
wanda (jumlah suku kata) saben
larik (tiap baris)
Guru Wilangan
Guru lagu kuwi muni pungkasane
saben larik. Wuni pungkasane
saben gatra (a, i, u, e ,o) uga
diarani dong dinge swara
Guru Lagu
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
13
17. Tuladha :
Araneki saka
tembung Arane + Iki
Jalwestri saka
tembung
Jalu + Estri
Aneng saka tembung
Ana + Ing
15
Tembung Garba
Tembung garba yaiku
tembung loro sing
digandheng dadi siji
sarana kanggo nyuda
cacahe wanda, kanggo
nyocogake cacahe wanda
ing sajroning tembang,
lan kanggo ngringkes
tembung ing sajroning
ukara.
UNSUR KEBAHASAAN
TEMBANG MACAPAT
Tembung Garba
kaperang dadi 3,
yaiku:
Tembung loro
utawa luwih
menawa digarba
banjur muncul
aksara "y"
Tembung loro
utawa luwih
menawa digarba
banjur muncul
aksara "w"
Tembung loro
utawa luwih sing
kagarba nganggo
tembung maha,
ananging
tembung maha
kasebut mung
muni "mah"
18. Tembung kawi yaiku tembung-tembung
kanga sale saka basa Jawa Tengahan
utawa Jawa Kuna. Tembung kawi rinaket
banget karo basa rinengga jalaran
tembung kawi akeh digunakake ing basa
rinengga Basa rinengga yaiku basa kang
digunakake kanggo nggambarake
kaendahan lan kawibawan
Tuladha :
Sira = Kowe
Samirana = Angin
Ratri = Dulu
16
19. TEMBUNG DASANAMA
Dasanama yaiku, wong siji duwe jeneng nganti
sepuluh, malah kadhang luwih, kang padha
tegese utawa meh pada tegese
Tuladha :
17
Sira
Rina
Sudra
Misuwu
Anak
= kowe, sampeyan, panjengengan
= rinten, siyang, awan
= papa, mlarat, sengsara, kere
= kawentar, kaloka, kondhang
= suta, sunu, siwi, tanaya
20. Sandi Asma
Sandi asma yaiku jeneng kang
sinamun ana ing tembang macapat,
lumrahe wujud asli pengarange
utawa penciptane tembang
Tuladha :
Fahmi Maulana
Firasat iku tansah sanjang
Dahat ing lubuk ati paling jero
Mijil kanthi dumadakan tanpa
kawruh
Marta ngadhepi kabeh ujian
Kawula kuwat urip aneng donya
Astana yaiku omah kanggo kauripan
terusane
18
21. Sandi Karsa
Sandi Karsa yaiku tujuan, ancas, utawa
karep kang sinamun utawa sinamar
ana ing tembang. Ana uga wong kang
ngarani sandi karsa kuwi sandi ukara
yaiku ukara (ukarane kanggo
medharake cipta, gagasan, rasa
pangrasa, utawa kekarepan).
Tuladha : DINA PENDIDIKAN
Dimen lebdeng kawruh
Ing pakaryan mrih trengginas
Nalar malurrinengga ambeg berbudi
Anjrah mring para siswa
Pepinginan kang samya kas
sthining tyas maujud
Maning mulya Dina dina kepungkur
Iku dadi landasaneki
Dina kang bakal teka
ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia Anemahi jaman
Nyrambahi Nuwsantara
19