SlideShare una empresa de Scribd logo
1 de 3
Descargar para leer sin conexión
Ada-Ada

Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning dumadi
Supadi niring sangsaya
Yeku pangreksaning urip


Ketawang Rasamadu Pl.Br

Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami

Pangasahe sepi samun
Haywa esah ing salami
Samangsa wis kawistara
Lalandhepe mingis-mingis
Pasah wukir reksa muka
Kekes sira bedaning budi


Ladrang Sribiwadha Pl.Br

Dene awas tegesipun
Weruh warananing urip
Miwah wisesaning Tunggal
Kang atunggal rina wengi
Kang mukhitan ing sakarsa
Gumelar ngalam sakalir

Haywa sembrana ing kalbu
Wawasan wuwus sireki
Ing kono yekti karasa
Dudu ucape pribadi
Marma den sambadeng sedya
Wewesan praptaning uwis


Ketawang Subakastawa Pl.Br

Sirnakna semanging kalbu
Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasidan
Sinuda saking sathithik
Pemothahing napsu hawa
Linalantih mamrih titih
Haywa mamatuh nalutuh
Tanpa tuwas tanpa kasil
Kaselibuk ing srabeda
Marma dipun ngati-ati
Urip keh rencananira
Sambekala den kaliling



Ada-Ada

Upamane wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kesandhung padhas
Babak bundhas anemahi


Ladrang Wahyu Sl.My

Lumrah bae yen kadyeku
Atetamba yen wus bucik
Duweya kawruh sabodhang
Yen tan nartani ing kapti
Dadi kawruhe kinarya
Ngupaya kasil lan melik

Meloke yen arsa muluk
Muluk ujare lir Wali
Wola-wali nora nyata
Anggepe Pandhita luwih
Kaluwihana tan ana
Kabeh tandha-tandha sepi


Ketawang Kinanthi Sandhung Sl.My

Kawruhe mung ana wuwus
Wuwuse gumaib-gaib
Kasliring thithik tan kena
Mancereng alise gathik
Apa Pandhita hantiga
Kang mangkono iku kaki

Mangka ta kang aran laku
Lakune ngelmu sajati
Tan dahwen pati openan
Tan panasten nora jahil
Tan jurungi ing kahardan
Amung aneng mamrih ening
Ketawang Pawukir Sl.My

Kaunanging budi luhung
Bangkit ajur-ajer kaki
Yen mangkono bakal cikal
Thukul wijing utami
Nadyan bener kawruhira
Yen ana kang nyulayani

Tur kang nyulayani iku
Wus wruh yen kawruhe nempil
Nanging lahire angalah
Katingala angemori
Mung ngenaki tyasing liyan
Haywa esak haywa serik


Kinanthi Palaran Sl.My

Yeku ilapating wahyu
Yen yuwana ing salami
Marga wimbuhing nugraha
Saking kheb Kang Maha Suci
Cinancang pucuking cipta
Nora ucul-ucul kaki

Mangkono ingkang tinamtu
Tampa nugrahaning Widhi
Marma ta kulup den bisa
Busuki ujaring janmi
Pakoleh lahir batinnya
Hiyeku budi premati

Pantes tinulad tinurut
Laladane mrih utami
Utama kembanging mulya
Kumulyaning jiwa dhiri
Ora ta yen ngeplekana
Lir luluhur nguni-uni


Cakepan SERAT WEDHATAMA ini diambil dari naskah asli
Karya KGPAA Mangkoenegoro ke IV

Más contenido relacionado

Similar a Cakepan Serat wedhatama

7076858 kumpulan-lagu-keroncong
7076858 kumpulan-lagu-keroncong7076858 kumpulan-lagu-keroncong
7076858 kumpulan-lagu-keroncongIda Komariana
 
lagu-e28093-lagu-tematik.ppt
lagu-e28093-lagu-tematik.pptlagu-e28093-lagu-tematik.ppt
lagu-e28093-lagu-tematik.pptssuser93ebdb
 
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa JawaContoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa Jawaelhajary
 
Lagu – lagu tematik
Lagu – lagu tematikLagu – lagu tematik
Lagu – lagu tematikwahidinnoor
 
Sajak cinta dalam bahasa sunda
Sajak cinta dalam bahasa sundaSajak cinta dalam bahasa sunda
Sajak cinta dalam bahasa sundaYadhi Muqsith
 
ANTOLOGI SYAIR KELAS 9J - SMPN 1 CIPANAS - JAGUAR PETANG TIGA PULUH
ANTOLOGI SYAIR KELAS 9J - SMPN 1 CIPANAS - JAGUAR PETANG TIGA PULUHANTOLOGI SYAIR KELAS 9J - SMPN 1 CIPANAS - JAGUAR PETANG TIGA PULUH
ANTOLOGI SYAIR KELAS 9J - SMPN 1 CIPANAS - JAGUAR PETANG TIGA PULUHAldi Aldinar
 
LEMBARAN KERJA PENDIDIKAN MORAL THN 6
LEMBARAN KERJA PENDIDIKAN MORAL THN 6LEMBARAN KERJA PENDIDIKAN MORAL THN 6
LEMBARAN KERJA PENDIDIKAN MORAL THN 6Amy Jess
 
Omong kosong tak berdusta
Omong kosong tak berdustaOmong kosong tak berdusta
Omong kosong tak berdustaTeguh Budiman
 
Pantun jamuan tahun 6
Pantun jamuan tahun 6Pantun jamuan tahun 6
Pantun jamuan tahun 6Abu Uzair
 

Similar a Cakepan Serat wedhatama (17)

Sisindiran
SisindiranSisindiran
Sisindiran
 
7076858 kumpulan-lagu-keroncong
7076858 kumpulan-lagu-keroncong7076858 kumpulan-lagu-keroncong
7076858 kumpulan-lagu-keroncong
 
lagu-e28093-lagu-tematik.ppt
lagu-e28093-lagu-tematik.pptlagu-e28093-lagu-tematik.ppt
lagu-e28093-lagu-tematik.ppt
 
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa JawaContoh Geguritan Bahasa Jawa
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
 
Puisi lama
Puisi lamaPuisi lama
Puisi lama
 
Lagu – lagu tematik
Lagu – lagu tematikLagu – lagu tematik
Lagu – lagu tematik
 
Sajak cinta dalam bahasa sunda
Sajak cinta dalam bahasa sundaSajak cinta dalam bahasa sunda
Sajak cinta dalam bahasa sunda
 
Puisi sastra buana
Puisi sastra buanaPuisi sastra buana
Puisi sastra buana
 
Lagu – lagu tematik
Lagu – lagu tematikLagu – lagu tematik
Lagu – lagu tematik
 
Acara tikahan
Acara tikahanAcara tikahan
Acara tikahan
 
Wayang - Narasoma
Wayang - NarasomaWayang - Narasoma
Wayang - Narasoma
 
ANTOLOGI SYAIR KELAS 9J - SMPN 1 CIPANAS - JAGUAR PETANG TIGA PULUH
ANTOLOGI SYAIR KELAS 9J - SMPN 1 CIPANAS - JAGUAR PETANG TIGA PULUHANTOLOGI SYAIR KELAS 9J - SMPN 1 CIPANAS - JAGUAR PETANG TIGA PULUH
ANTOLOGI SYAIR KELAS 9J - SMPN 1 CIPANAS - JAGUAR PETANG TIGA PULUH
 
Tembang Macapat
Tembang MacapatTembang Macapat
Tembang Macapat
 
LEMBARAN KERJA PENDIDIKAN MORAL THN 6
LEMBARAN KERJA PENDIDIKAN MORAL THN 6LEMBARAN KERJA PENDIDIKAN MORAL THN 6
LEMBARAN KERJA PENDIDIKAN MORAL THN 6
 
Omong kosong tak berdusta
Omong kosong tak berdustaOmong kosong tak berdusta
Omong kosong tak berdusta
 
Pantun jamuan tahun 6
Pantun jamuan tahun 6Pantun jamuan tahun 6
Pantun jamuan tahun 6
 
Cindai lyrics
Cindai lyricsCindai lyrics
Cindai lyrics
 

Cakepan Serat wedhatama

  • 1. Ada-Ada Mangka kanthining tumuwuh Salami mung awas eling Eling lukitaning dumadi Supadi niring sangsaya Yeku pangreksaning urip Ketawang Rasamadu Pl.Br Marma den taberi kulup Angulah lantiping ati Rina wengi den anedya Pandak panduking pambudi Bengkas kahardaning driya Supadya dadya utami Pangasahe sepi samun Haywa esah ing salami Samangsa wis kawistara Lalandhepe mingis-mingis Pasah wukir reksa muka Kekes sira bedaning budi Ladrang Sribiwadha Pl.Br Dene awas tegesipun Weruh warananing urip Miwah wisesaning Tunggal Kang atunggal rina wengi Kang mukhitan ing sakarsa Gumelar ngalam sakalir Haywa sembrana ing kalbu Wawasan wuwus sireki Ing kono yekti karasa Dudu ucape pribadi Marma den sambadeng sedya Wewesan praptaning uwis Ketawang Subakastawa Pl.Br Sirnakna semanging kalbu Den waspada ing pangeksi Yeku dalaning kasidan Sinuda saking sathithik Pemothahing napsu hawa Linalantih mamrih titih
  • 2. Haywa mamatuh nalutuh Tanpa tuwas tanpa kasil Kaselibuk ing srabeda Marma dipun ngati-ati Urip keh rencananira Sambekala den kaliling Ada-Ada Upamane wong lumaku Marga gawat den liwati Lamun kurang ing pangarah Sayekti karendhet ing ri Apese kesandhung padhas Babak bundhas anemahi Ladrang Wahyu Sl.My Lumrah bae yen kadyeku Atetamba yen wus bucik Duweya kawruh sabodhang Yen tan nartani ing kapti Dadi kawruhe kinarya Ngupaya kasil lan melik Meloke yen arsa muluk Muluk ujare lir Wali Wola-wali nora nyata Anggepe Pandhita luwih Kaluwihana tan ana Kabeh tandha-tandha sepi Ketawang Kinanthi Sandhung Sl.My Kawruhe mung ana wuwus Wuwuse gumaib-gaib Kasliring thithik tan kena Mancereng alise gathik Apa Pandhita hantiga Kang mangkono iku kaki Mangka ta kang aran laku Lakune ngelmu sajati Tan dahwen pati openan Tan panasten nora jahil Tan jurungi ing kahardan Amung aneng mamrih ening
  • 3. Ketawang Pawukir Sl.My Kaunanging budi luhung Bangkit ajur-ajer kaki Yen mangkono bakal cikal Thukul wijing utami Nadyan bener kawruhira Yen ana kang nyulayani Tur kang nyulayani iku Wus wruh yen kawruhe nempil Nanging lahire angalah Katingala angemori Mung ngenaki tyasing liyan Haywa esak haywa serik Kinanthi Palaran Sl.My Yeku ilapating wahyu Yen yuwana ing salami Marga wimbuhing nugraha Saking kheb Kang Maha Suci Cinancang pucuking cipta Nora ucul-ucul kaki Mangkono ingkang tinamtu Tampa nugrahaning Widhi Marma ta kulup den bisa Busuki ujaring janmi Pakoleh lahir batinnya Hiyeku budi premati Pantes tinulad tinurut Laladane mrih utami Utama kembanging mulya Kumulyaning jiwa dhiri Ora ta yen ngeplekana Lir luluhur nguni-uni Cakepan SERAT WEDHATAMA ini diambil dari naskah asli Karya KGPAA Mangkoenegoro ke IV