1. Pidato mengenang peringatan kelahiran Nabi Muhammad SAW dan mengajak umat Islam untuk selalu mengingat jasa-jasa beliau dalam membawa umat manusia dari zaman kegelapan menuju zaman pencerahan.
2. Menguraikan tiga syarat utama untuk mencintai Nabi Muhammad SAW yaitu rela berkorban, sering menyebut namanya, dan mencontoh serta mengikuti ajaran dan teladannya.
3. Mengakhiri pidato den
1. ت ه ك ا وب ر ا هلل ورحمة ع ل ي كن م ال س ال
Hadratul Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ingkang
kulo hormati.
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko, monggo kulo lan
panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso,
ingkang nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang
nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun sholat lan poso,
mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi
perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin
yaa Robbal Aaalamin.
Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken dateng
kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa
ingkang murko, bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah
menuju masa Islamiyah.
Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !
Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara, ingkang
sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken sak sahe-
sahenipun. AMin
Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten terpandang asing wonten
kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap
umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang pemimpinipun.
Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses
perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah menuju zaman
2. islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-
sejarah Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap gulita. Menungso
dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang
menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami permusuhan,
tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso
boten mengenal perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman
Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya
ingkang terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun
Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa
Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten Al-Qur’an surat Al-Anbiya : 107
Ingkang artosipun :
“Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam”
Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !
Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito
nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko
kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken
rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan,
berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat
Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi
ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang
mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados
dawuhipun kanjeng Nabi :
“Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku“
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu
3. Rukunipun cinta meniko wonten tigo
1. Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta, tanpa korban cinta
sia-sia.
2. Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing sonten, siang
ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut
3. Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang ingkang dipun
cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul perselisihan,
ingkang akhiripun timbul kegagalan.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
La’ kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan cinta dateng
Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun
Kanjeng Nabi kados ing saat meniko.
Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito dateng kanjeng Nabi.
Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados
laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto
tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafa’atipun, benjang ing dinten
qiamat.
Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun
agungipun pangapunten.